Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Pengertian, Ciri-Ciri, Lan Unsur Cerkak


Cerkak utawa Cerita Cekak ing bahasa Indonesia dikenal kanthi Cerpen utawa Cerita Pendek yakuwe salah satu karya sastra kang asring dipunpanggihi wonten ing kalawarti utawa ariwarti. Cerita cekak utawa dongeng pendek ing Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI) yakuwe pitutur ingkang magepokan kaliyan dumadosing bab. Cerkak nduwe pathokan kirang saking 10.000 tembung (kata) lan nyeritakaken dongeng marang salah sijine paraga ing situasi lan kondisi tartamtu.

Miturut Susanto wonten Tarigan (1984:76) njelasaken cerkak kuwe dongeng ingkang panjangipun sekitar 5.000 kata, utawa sekitar 17 lembar kertas kuarto spasi rangkep.
Banjur miturut Sumarjo lan Saini (997:37) njelasaken bahwa cerkak yakuwe dongeng cekak sing isine mboten bener-bener kedadeyan persis kaliyan isine (utawa dongeng fiktif), tapi biasane tema ing dongeng kuwe dumadi ana, ing pundi mawon, lan ugi kapan kemawon.

Cerkak ugi saged didefinisikaken dongeng kang diwaca sakjagongan, yakuwe mboten mbetahaken wekdal ingkang dangu, inggih punika cerkak kuwe dongeng sing entheng lan mboten njlimet, saengga mboten migatosaken pikiranipun pamaos.

Ciri-ciri cerkak miturut Sumarjo lan Saini :
  1. Sifate rekaan saking penulis (fiksi).
  2. Naratif
  3. Nggadhahi sifat tunggal.
Dene ciri-ciri cerkak miturut Morris ing Tarigan inggih menika :
  1. Ciri utawa yakuwe cekak, padhu, lan intensif.
  2. Nduweni unsur tokoh, gerak, lan adhegan (character, action, lan scene).
  3. Bahasa ing cerkak kudu tajem, segesif, lan narik kawigaten.
Nah miturut pendapat-pendapat ing nduwur, saged disimpulaken ciri-ciri cerkak yakuwe :
  1. Nggadahi sifat cekak, padet, lan lewih ringkes tinimbang novel.
  2. Dibentuk saking tembung kang jumlahe kirang saking 10.000.
  3. Sumber ceritanipun saking padintenan, problem umum, lan ditambah rekaan penulis.
  4. Mboten nelakaken urutan peristiwanipun kanthi rinci sanget, naming nelakaken sakedhik utawa intine mawon.
  5. Tembung kang digunakake dipilih lumrah manut bahasa padintenan (sehari-hari).
  6. Nggadhahi alur tunggal. (maju, mundur, utawa campuran).
Cerkak saged dipunpendhet saking pengalaman langsung penulis ingkang kasunyatan lan kedadeyan, namung ugi saged direka-reka utawa ditulis manut apa sing dipengini penulis. Ing sajroning cerkak ugi nduwe inti patuladhan utawa pesan tabiat kang akeh kaitane kaliyan babagan padintenan, namung ugi nggadhahi sifat-sifat jelek kang kudu diematna kanthi bener-bener. Upaminipun wonten paraga protagonist kang nduwe sifat-sifat apik, lah sifat-sifat kuwe saged kangge patuladhan. Uga wonten paraga antagonis kang nduwe sifat-sifat awon (buruk), nah kuwe saged dipunpesthekaken mesti bakal ngrasakna cilaka.

Unsur Intrinsik
  1. Tokoh lan penokohan, yakuwe tiyang-tiyang kang dados paraga utawa lelakonipun cerita. Ing  sajroning dongeng mesthi ana tokoh sentries (tokoh utama) lan tokoh bawahan (tokoh pendukung).
  2. Latar utawa setting, yakuwe nggambaraken papan panggenan, wektu, lan latar suasana ing sajoring cerita.
  3. Sudut pandang utawa panganggit ing ndalem mbektakaken cariyosipun.
  4. Alur utawa plot cerita, yakuwe kedadeyan-kedadeyan ing dongeng kanthi sambung sinambung wiwit ngarep nganthi pungkasaning cerita. Alur kaperang dadi 3, yakuwe alur maju, mundur, lan campuran.
  5. Makna/maksud/pesan/amanat, yakuwe selesai pamaos ngengingi dongeng ingkang nembe mawon dipunwaos.
Unsur Ekstrisik
  1. Nilai-nilai ing dongeng (agama, budaya, politik, sosial, lan ekonomi).
  2. Asal-muasalipun penulis utawi biografinipun penulis.
  3. Kondisi sosial pas cerkak kasebut dipuntulis.