Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Teknik-Teknik Dadi Pranatacara Lan Tembung-Tembung Endah Sing Jarang Dienggo

Pranatacara yakuwe wong sing nglantaraken, mandu, utawa ngendalikaken mlakune sawijining adicara. Pranatacara utawa MC sing apik mesthi bakal nglantaraken adicara kuwi mau kanthi apik uga. Ukurane apik kasebat yakuwe mlakuning adicara tansah tepat waktu utawa ora molor, lan sesuai karo planning lan apa sing dikarepaken.

Nah mulane dadi pranatacara sing apik pancen ora gampang, ana bab-bab sing perlu dingerteni lan disinauni sakcara khusus sing kabeh mau dapat didadekaken modal dasar, diantarane :

A. Swara

Ing babagan dadi pranatacara swara dadi modal utama, amarga swara arupa piranti utawa media kanggo nganakaken komunikasi karo para rawuh ing suatu acara. Tiyang kakung lan tiyang estri nduweni jenis bunyi kang bedha-bedha. Tiyang kakung (lanang) apike ngucap kanti rosa, abot, mantep, lan ndhuweni kesan berwibawa. Banjur tiyang estri apike ngucap kanthi volume sing wajar, ora digawe-gawe, lan jumbuh karo program sing diayahi.

B. Penampilan

Dadi pranatacara kudu dapat nggatekaken penampilan lan suasaning acara. Penampilan kang dimaksud yakuwe tindhak-tandhuke, mimik, busana, ekspresi, lan nada irama bunyi kang diucapaken. Pranatacara nailka tampil kudu dapat nampilaken pesonane utawa daya tarike sing gawe para rawuh kami tenggengen. Mulane prantacara kudu tansah nggawe kesengseme para rawuh, kanthi cara :
Cara ucap ingkang apik tur leres (tata bahasane kudu bener). Penampilane kudu trep lan sinambung karo babagan kang wonten ing acara. Kasarasian busana karo program sing dilantaraken.

C. Kondisi utawa Suasana

1. Persiapan

Persiapan kanggo pranatacara wigati banger, amarga tanpa persiapan kang mateng, mlakuning program bakalan dapat gagal total. Sebabe kuwe persiapan sakdurunge program pun penting sanget, antarane yakuwe :
  • Penampilan pranatacara utawa MC ne kuwe dhewek.
  • Rerantaman lan wujude acara.
  • Ngenal lingkungan acara, yakuwe panggonan-panggonan papan kang penting kanggo nyuksesna mlakuning acara.
  • Ngatur utawa nata sound system, mic, speaker, lan lya-liyane.
  • Ngatur para petugas lan paraga sing arep tampil.
2. Ketenangan

Pranatacara luwih apik rawuh ing papan panggonan program 1 jam sakdurunge acaranipun dimulai, amargi dadi pranatacara kudu dapat ngatur ketenangan dheweke semoga kasilipun lancar ing pelaksanaane program menika. Babagan kiye dimaksudaken kanggo mbiyantu dheweke ngatur ambekan, konsentrasi, lan uga kanggo mengkoordinasi karo panitia penyelenggara.

3. Disiplin

Prantacara kudu tansah standbay nang papan panggonane, amargi mbok menawa ana owah-owahan utawa insiden sing ora diduga-duga, dheweke bakal praktis anggone ngatasi. Dadi prantacara ora dapat sekarepe dhewek, kudu manut karo panitia lan rencana-rencana kang sampun didamel sadurunge. Iku sebabe pembawa program utawa MC kudu rawuh nggasiki para tamu lan uga ngerini para tamu yen acarane wis rampung.

D. Teknik

Teknik maca teks prantacara ingkang apik yakuwe :
Intonasi utawa irama sing diucapaken utaw adibentuk jumbuh karo gayane MC nalika lagi matur.
  • Pranatacara kudu dapat ngrubah nada lan irama swarane kang jumbuh karo program sing dilantaraken. Supaya ngolehi irama kang apik ngesanaken, gathekaken kanthi teliti tanda waca neng sajroning ukara titik, koma, lan munggah mudhune nada.
  • Kudu dapat ngatur nafas seapik mungkin, semoga pas matur apa sing diwaca mboten kepedot-pedot, lan uga saged keprungu kanthi cetha.
  • Lafal kang diucapake pranatacara prayogane tepat lan cetha nalika ngucapaken wanda, tetembungan, lan ukara. Tuladhane abjad desis : s, z. Aksara urip : a, i, u, e, o. Lan Aksara irung : ng, lan sapanunggalane.
  • Redaksi utawa reroncening ukara sing sederhana, singkat, cetha, amarga ukara sing dawa lan mencla mencle marekaken bosen kanggo para pamirenge.
E. Gladhen

Supaya dadi pranatacara sing apik pancen mbutuhaken wektu kanggo sinau lan gladhen. Utamane sinau maca seru kang disuarakan. Bab kiye banget pentinge kanggo nguataken lan nglemesaken otot-otot gulu. Kejaba kuwe kudu asring nggolet pengalaman kanthi cara praktek utawa ndeleng penampilan pranatacara sing wis senior utawa profesional.

Selain teknik-teknik maca teks pranatacara ing ndhuwur, wonten malih babagan wacana kepribe gole maca sing becik, panguwasaan basa, lan ukara-ukara sing biasane ana neng sajroning teks prantacara.

Ukara-ukara sing ana neng sajroning teks pranatacara kuwi jarang dienggo neng pasrawungan sedina-dina, lan biasane kaprungu endah lan nengsemaken. Ukara-ukara kuwi mau akeh sing kadhapuk sekang tembung-tembung rinengga utawi tembung-tembung kang alus lan endah. Tembung-tembung mau kayata tembung kawi, tembung yogaswara, tembung entar, rura basa, lan panyandra/pepindha.

1. Tembung Kawi

Tembung kawi yakuwe basa sing dienggo nalika jaman gemiyen (jaman kerajaan). Nanging neng jaman saiki wis jarang keprungu senajan esih ana sing esih dienggo neng pranatacara.

Tuladha :
  • Kartika (bintang).
  • Candra/sasadra (bulan).
  • Tirta/warih (banyu/air).
  • Samodra/jaladri (segara).
  • Kresna (ireng/hitam).
  • Netra (mripat/mata).
  • Rekta (abang/merah).
  • Mustaka (sirah/kepala).
  • Bantala (bumi).
  • Jenar (kuning).
2. Tembung Yogaswara

Tembung gogaswara yakuwe tembung loro sing meh padha penulisane lan pengucapane, mung beda wanda wekasan nganggo “a” lan “i” sing biasane ateges lanang lan wadon.

Tuladha :
  • Dewa-dewi.
  • Widadara-widadari.
  • Siswa-siswi.
  • Putra-putri.
  • Raseksa-raseksi.
  • Pemudha-pemudhi.
  • Yaksa-yeksi.
  • Apsara-apsari.
  • Prameswara-prameswari.
  • Bathara-bathari.
3. Tembung Entar

Tembung entar yakuwe tembung sing ora kena ditegesaken sawantaeh utawa apa anane, amarga ndhuweni teges sing beda. Neng basa Indonesia diarani kata kiasan.

Tuladha :
  • “Jembar segarane” tegese sugih ngapura
  • “Atine metu wulune” tegese atine ala, kelakuane ora apik, senenge gawe cilaka.
  • “Manis eseme” tegese ngresepaken, nyenenganken.
  • “Pecah nalare” tegese wis dapat mikir sing becik.
  • “Tipis lambene” tegese sugih ngomong, seneng ngrasani utawa nggosip.
  • “Enteng tangane” tegese seneng tetulung.
  • “Dhawa tangane” tegese seneng njiot nggone wong utawa seneng nyolong.
  • “Gedhe siraeh” tegese angel diomongi, ngeyel.
4. Rura basa

Tembung rura basa yakuwe tembung sing wis rusak utawa tembung sing kadung salah kaprah lan tembung sing wis ora dapat dibeneraken maning, amargi nek tetep meksa dibeneraken malah dadi basa sing ora umum lan malah keprungunipun asing menawa ora biasa digunakaken.

Tuladha :
  • Adang sega.
  • Nutu gethuk.
  • Nguleg sambel.
  • Mbunteli tempe.
  • Nggodhog wedhang.
  • Njarumi celana.
  • Nggawe klambi.
  • Nggoreng emping.
  • Nggawe lemari.
  • Nggawe lawang.
  • Nggawe umah.
  • Menek klapa.
  • Nandhur gedhang.
5. Panyandra utawa Pepindhan

Panyandra utawa pepindha asale saka tembung candra lan pindha sing artine unen-unen gumathok kanggo nyandra perangane awak, solah bawa, lan kahanan adhapur pepindhan. Panyandra utawa pepindhan basa ing basa Indonesia yakuwe kalimat perumpamaan.

Tuladha :
Perangane awak :
  • Alise nanggal sepisan.
  • Bangkekane mawon kemit.
  • Brengose nglaler mencok.
  • Lambeyane mblarak sempal.
  • Tangane nggendhewa pinentang.
  • Pipine nduren sajuring.
  • Irunge ngundhup mlati.
  • Drijine mucuk eri.
  • Idepe tumengeng tawang.
  • Rambute ngembang bakung.
Kahanan lan solah bawa :
  • Antenge kaya penganten ditemukaken.
  • Kuning ngumpul padha kuning kaya podhang reraton.
  • Rukune kaya mimi lan mintuna.
  • Tandange kaya banteng ketaton.
  • Trengginas kaya sikatan nyamber walang.